Yeot

yeot

Yeot (엿) ya iku jinis permen lan pemanis tradhisional kas Koréa kang biyasa dilapisake ing bahan roti-roti.[1] Yeot kira-kira wis digawé déning masarakat Koréa kawit jaman kuna.[1][2] Wong Koréa nggunakaké yeot minangka pemanis lan minangka panganan entheng, lan jajanan kang biyasa diwènèhake simbah kakung lan simbah putri marang putu-putune.[1] Yeot misuwur minangka manisan kang diwènèhake marang pelajar kang mèlu ujian.[1] Ing basa Koréa, ana istilah "kanthil karo ujian", mula pelajar ing Koréa bakal diwènèhi permen yeot kang kanthil supaya padha lulus ujian.[1] Mula nalika mangsa ujian, akèh wong kang dodolan yeot ing dalanan.[1]

  1. a b c d e f An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 116–118. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Korean Food Culture Series - Part 1, Korean Food Archived 2012-03-19 at the Wayback Machine., visitkorea. Diundhuh tanggal 9 Juni 2010.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search